RESI BARADWAJA
Serat Pedalangan kuna dening Sri Harto Jati
Minangka pambukane carita anenggih pertapan Atas angin kang madepok ing kono sesilih Resi Baradwaja. Sang resi kagungan putra asma Bambang Jaya krida dasar muda tunaruna wegig olah sastra, ginadhang-gadhang dados pujanggane negara.
Bambang Jaya Krida rumaos kasoran nggone olah kawruh manawi katandhing kaliyan putra 2 Resi Kambriya. Runtiking penggalih dadosaken was sumelanging ati manawi gagal dados pujangga.
Jaya krida gya anempuh byat tumuju wonten ing wana wasa mangun tapa. Boten dangu antuk nugrahane Sang Hyang Indra awujud lisah Indrasara, Landep panca indrane keplas ciptane sasat jalma limpat seprapat tamat .
Kondhang kaloka Bambang Jaya Krida sasat jagad tanpa timbang ananging kawruhe tasih jumeneng ing Indraloka.
Wahuta dupi ningali wanodya ayu sulistyaning warni kagigah birahinipun, boten noleh manawi punika bojone Bambang Kaprasu kang nedhenge ngansu ing sendhang. Waton kepencil linarak wonten panggenan sepi dipun tandhangi ngantos rusak budayane angga.
Endang suminten (bojone kaprasu) wangsul deprok wonten ngarsane mara sepuh Begawan Kambriya sarwi tawang 2tangis.
Endang: " Rama panemban, keparenga anglolos duwung mugi katamakna jajane suminten, tinitah jalma tanpa daya kabradat karuda peksa dening putrane Resi Baradwaja. Manawi paduka boten kepareng anglunasi lempung kenjingan nyawa punika kaplalah mati nglalu ngendat wonten uwiting gurda."
Resi Kambriya : " Regede jiwa ragamu mengka bisa diresiki, upama roda wayahe tiba ngisor kudu ngluluh dhiri, sing ana duwur kaya Jaya Krida deksura sawenang-wenang iku dudu manungsa pantese rinanjap tombak ora beda sato."
Mandi sabdane resi Kambriya, Jaya Krida salin warna dados celeng boloten mlebu karang pradesan direncak dening warga mati datan gatra manungsa kaya timun dicacah lindri.
Resi Baradwaja susah kepati nyumurupi kunarpane Jaya Krida, sawusnya rinukti sang resi sesuci dhiri maladi hening nyuwun aksamaning Widhi.
Sampun lumampah gantalan warsa, Bambang Kaprasu ningali kidang wonten ing sendhang daya2 tumuli ti nlorongan tombak pejah saknalika, cinaketan bathange kidang jebul ingkang rama pribadi Resi Kambriya pralaya, udan tangis Padepokan Pandan wangi.
Nyarengi pejahe ingkang rama, Bambang Kaprasu nampi serat saking Prabu Surya Jumena dene suraosipun, Kaprasu badhe kasengkakaken dados Pujangga. Tumuli Kaprasu apus krama dhateng keluwarga.
Kaprasu : " Adhuh adhiku yayi Parasu, kawruhana wiwit dina iki pun kakang tinimbalan dening sang nata bakal antuk sapudenda, awit datan kanyana-yana gawe tiwase kang rama.
Yayi pun kakang titip openana mbakyumu Suminten, mengka yen wis Sepuluh tahun ora kena pidana pati pun kakang bakal kumpul maneh."
Kaliwat sepuluh warsa boten wonten pawarta, Parasu tumuju ing kutha raja angsal sisik melik bilih Kaprasu dados Pujanggane Praja.
Jroning batos was-was badhe muruki kang raka jebul jerohan ora bisa nggorohi , ngancik gapurane kraton Parasu kinepung karanjap gaman dening prajurit sami alok bilih Parasu tekan atine mateni bapake dhewe.
Parasu Lumajar gendring golek urip, dupi ningali ingkang rayi sampun lunga lega atine Bambang Kaprasu sabab ora ana maneh kang bisa ngungkuli kapinterane.
Getun nggone gesang si Parasu lumebu guwa arsa mangun teki gayuh kasekten amales ukum, jroning batin sampun boten percaya marang adile dewa kacandet dening resi Baradwaja.
Barat waja : " Hek..Parasu ngger, aja ciliking ati...kawasa iku maha Wicaksana. Kawruhana ulun Resi Baradwaja aja getuni marang polahe kakangmu Si-Kaprasu, elinga sedulur iku ora kudu saka talining darah tumerah, lan elinga saka talining getih durung mesti sedulur. Sedulur sejati iku saka talining katresnan lahir lan batin, kulup.
Semono uga anak iku ora kudu lahir saka rama lan ibu ananging bisa lahir saka pepadhanging kawicaksanan.
Kulup anakku ngger Parasu wurungna anggonmu bakal tapa, nadjan tirakat apa wae yen atine bosok ya tanpa guna gedheke karma kasangsaran. Patrap Ati sing becik iku tapa sing paling ampuh dhewe kulup,... Ayo bali kanthinen bakyu ipemu rabine pisan mengka takdadeke Pujangga ing Kraton Bumi Retawu abdine Prabu Ranti dewa."
Parasu :" Adhuh,.... sindika dawuh rama panemban."
Resi Baradwaja : " Anakku ngger wong bagus eling 2en ana bebasan wong tuwa kang bebakal anak sakdrema nglakoni. Ora kurang2 pun bapa nandhur katresnan aneng sakindering praja, ora2ne ngger sira mengkone bakal dicecamah dening wadya, marga samono iku tandurane bapa marang prabu Ranti dewa.
Jumeneng pujangga iku kudu Hamot : samodra dasaring nala, disantosa kaya bumi, lire agal alus ala becik kudu kamot kaya bumi. Marma ingaran Hamemangkat : kang dhemen junjung drajating liyan , nanging samono mau kudu anetepana bawa laksana.
Netepana ujare Bapa sayekti kaprawirane nira dadi santosane praja, kasektenira dadi singit wingiting praja, kawicaksananira dadi pancorong soroting praja ora liya kabeh mau tuke saka katresnan lan kasucen.
Iku kinarya garan madheg satengahing jagad tan ana kang bakal nyepelekake marang nira nanging tansah muji ya jaya."
Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging pangaksami.
Salam budaya RAHAYU RAHAYU RAHAYU
Auliya Panji Mulya 06_06_2022 Situbondo
YAYASAN RAKET PRASAJA
Salam kagem Eyang Triyono waroeng 77 (grup seniman wayang Mangkunegara VII-bp Kasidi jati Srono) mugi tansah sehat manggiha Sukarena.
Salam ugi kagem bapa Mulyono bedali kepuh sukoharjo trah kyai Ahmad Subari (paman dalem kyai suhuri ponpes jawi Karang maja kasunanan Surakarta) mugi tansah sehat manggiha sukarena.
Koleksi artikel POINT Consultant

