Ngudi Laku Budi Pakarti Adi Luhung Satrio Tata Sembada Bowo Laksono
Ngudi laku budi pakarti adi luhung satrio tata sembada bowo laksono
adigang-adigung-adiguna, ingkang kedah dipun singkiri, inggih
punika priyayi ingkang ngendelaken okol / rosa, kaluhuran derajat, lan kapinteran. Lajeng
anggep asor tumrap liyan. Wosipun, ingkang sae punika aja dumeh.
Aja dumeh kuat, banjur nyikat tur kuwalat
Aja dumeh menang, banjur sewenang-wenang
Aja dumeh sugih, banjur lali mring wong ringkih
Aja dumeh pinter, banjur keblinger
Aja dumeh gagah, banjur gegabah
Aja dumeh kuwasa, banjur deksura lan siya-siya
Aja dumeh bagus, banjur kementhus,
Aja dumeh misuwur, banjur pengin bisa mabur
Wilujeng injing
Wilujeng ngayahi Gati
Alloh bersama kita
Griyo Lerem Ayem
5-10-26

